1 of 3JFM Collection · 3 chapters

This film is a perfect introduction to Jesus through the Gospel of Luke. Jesus constantly surprises and confounds people, from His miraculous birth to His rise from the grave. Follow His life through excerpts from the Book of Luke, all the miracles, the teachings, and the passion. God creates everything and loves mankind. But mankind disobeys God. God and mankind are separated, but God loves mankind so much, He arranges redemption for mankind. He sends his Son Jesus to be a perfect sacrifice to make amends for us. Before Jesus arrives, God prepares mankind. Prophets speak of the birth, the life, and the death of Jesus. Jesus attracts attention. He teaches in parables no one really understands, gives sight to the blind, and helps those who no one sees as worth helping. He scares the Jewish leaders, they see him as a threat. So they arrange, through Judas the traitor and their Roman oppressors, for the crucifixion of Jesus. They think the matter is settled. But the women who serve Jesus discover an empty tomb. The disciples panic. When Jesus appears, they doubt He's real. But it's what He proclaimed all along: He is their perfect sacrifice, their Savior, victor over death. He ascends to heaven, telling His followers to tell others about Him and His teachings.

Ask yours

Bible Quotes

Share
Free Resources

Want to understand the Bible more deeply?

Join our Bible study

Transcript

Javanese (ꦧꦱꦗꦮ)
Koyo ngopo agungé Allah iku, mulyo sak jroning panguasan, agung sak kabehe. Langit nyritaake kamuliane lan martaaké pakaryané Dino ganti dino dèwèké terus nyritaaké lan wengi ganti wengi ssak kabèhé manungso nyritaake panjenengané Allah nyiptaake langit lan bumi panjenengané ugo nyiptakake manungso soko lebu lemah. Lan menehi napas kauripan ing sak njeroning irunge. Allahmu pengasih nyiptaake manungso lanang lan wadon miturut gambarane supoyo panjenengane nduweni hubungan karo manungso kawitane manungso mituhu lan mulyaaké Allah. Ugo urip kanthi tentrem karo panjenengané. Nganti ing sak wijining dino iblis nyoba wong wadon iku supoyo mangan woh larangan deweke ugo menehake marang wong lanang iku supoyo mangan ugo lan pinangko akibate Manungso mbrontak marang Allah lan mbaleni dalane dhewe. Kanggo upah dosané iki manungso pinisah soko Allah. Lan kausir metu soko taman Eden. Nanging Allah tetep ngasihi manungso panjenengane ora pingin dipisahake soko ciptaané. Nanging kepiyeo Allah moho suci lan sumber kaadilan kang sampurno. Ewondene panjenengané ora mènèhi paukuman marang dosa Ing sak njeroné kitab suciné Allah nyotoake rancangane kanggo nylametake donya soko ukuman manungso kawitan kang ngerti rancangan iku yoiku Abraham. Abraham yoiku manungso kang bener. Allah njanjeni mberkati deweke, lan ndadékaké keturunane koyo dene pasir ing segoro lan lintang ing langit. Kanggo nguji kasetyaane Allah njaluk Abraham supoyo ngurbanaké anaké minongko pisungsung marang Allah. Abraham percoyo marang Allah lan pingin miturut marang panjenengané. Nanging naliko deweke ngangkat pedang arep mateni anake malaikat ngendegake. Malaikat nyumurupi Abraham wedi asih ing Gusti lan kepingin ngabekti. Sak banjure, Abraham nyumurupi ono wedus lanang kang sungune temangsang ing gegrumbulan. Deweke ngorbanake wedus lanang iku pinongko ganti anake. Kanthi mengkono, Allah nuduhake marang Abraham menowo wedus lanang utowo kewan sak jenise kudu dibeleh pinongko sesulih dosa sawetoro, nganti tumekaning wektu Allah nyiapake korban kang sampurno. Dosa kang biso misahake manungso soko Allah kaganti dening korban, kang mulihake sesambungan antarane manungso lan panjenengané. Kitab suci medarake sak wijining titah kang wus njalmo dadi korban kang sampurno kanggo pepulihing sak kabehe dosa manungso, koyo dene wedus lanang kang ngganti anaké Abraham. Mengkono ugo panjenengané kang rawuh iku, dadi sesulihe manungso saénggo dosaning manungso diapuro. Akeh wong kang nyebut Almasih. Panjenengané rawuh kanggo ngrukunake manungso lan Allah, sak lawase. Poro nabi wis akèh paring pitedah bab Almasih kanti gamblang, atusan taun sak durunge panjenengane rawuh. Nabi Yesaya sak durungé wis mènèhi weruh menowo kelahirané mujudake sak wijining mujizat Sak wijining kenyo bakal ngandhut jabang bayi sing kearan putrané Allah ing pangertèn rohani. Nabi Mika ngabaraké menowo Almasih bakal lahir ing Betlehem. Sak wetoro iku nabi Zakaria mènèhi weruh menowo piyambake arep tindak nang Yerusalem kanti nunggang kuldi lan dikhianati Yudas salah sak wijining pendèrèké. Nabi Yesaya menehi weruh bab opo sing arep ditindakake Almasih nalika panjenengané rawuh sing kamulyakaké déning Gusti bakal martaake kabar sing becik marang wong-wong kang sengsoro, ngrumat kang podo loro atine, martaaké pembebasan marang kang kinunjoro, lan menehi weruh bab taun rahmat Tuhan. Dadi sopo to Almasih iku? Ing abad kapisan rawuh sak wijining nabi kang kasebut Isa. Akèh wong ngandakaké yèn déwéké iku sak wijining pribadi kang wis dinubuatké déning poro nabi sak durungé. Opo bener mangkono? Opo uripe wis jumbuh karo sebutané? Opo Isa luwih agung ngluwihi nabi? Sak terusé iki lho lelakon urip panjenengané kang adedasar marang catetané poro saksi miturut kitab suci. Supoyo kito biso mangerteni lan njupuk manfaat soko lelakon uripe Isa. Mulane Isa ditindakaké déning sak wijining pelakon, sanajan ora ono kang jumbuh nglakonaké. Duh sang Teopilus, sedoyo lelampahan ingkang dumados ing kalangan kito sampun kula titipriksa lan kula serat ing buku dados cariyos ingkang tumoto kagem panjenengan, ing pangangkah sageto panjenengan nguningani bilih sedoyo meniko wau saestu leres. Naliko sang Agustus jumeneng noto agung ing Rome lan naliko sang Herodes jumeneng ratu ing Yudea, Gusti Allah ngutus malaikat Jibril manggihi sak wijining prawan soko Nasarèt prawan mau aran Maryam. Ojo wedi Maryam awit kowé olèh sih-kanugrahan ing ngarsaning pangeran. Kowe bakal ngandheg lan mbabar putro kakung, iku asmakno Yesus. Kados pundi, kulo tasih prawan? Sang roh suci bakal nedhai kowe, mulané putro kang bakal miyos iku bakal kasebut suci putraning Allah, kang kratoné langgeng sak lawasé. Maryam budal menyang kutho ing tanah Yehuda perlu nuweni Elizabeth sanake kang ugo lagi ngandek lawan ilo. Mbak Elizabeth! Maryam? Oh kadangku Maryam! Kowe kuwi wanito kang paling binerkahan. Binerkahono awing kandhutanmu. Sebab naliko aku krungu salammu bayi ing kandhutanku nggronjal kegirangan! Nyawaku ngluhuraké Allah. Lan rohku bebungah ing Allah juru slametku wiwit saiki sak akehe turun bakal nyebut aku rahayu. Ee.. wargo Nasarèt… Sang noto Agustus ndhawuhi supaya jarake cacah jiwa ing tanah jajahan Galileo lan Yudea. Wong kabeh kudu ndaftarake diri sak wiji-wijiné ing kutho kelairané dhéwé-dhéwé. Maryam mangkat menyang Betlehem ing tanah Yudea ndaftarke diri bareng karo Yusuf pacangané. Nanging ora éntuk kamar penginepan, panginepan kang ono mung kandang kang nisto. Kacarito ing jajahan kono ono pangon-pangon kang njogo pepantan ing kéwané ing bengi iku. Dumadakan ono malaikating pangéran, jumeneng ing sak cedake sarto podo kasorotan cahyo kamulyaning pangeran. Dino iki wis miyos juru slametmu yoiku sang Kristus kang jumeneng Gusti. Poro pangon podo rerikatan ndeleng sang jabang bayi kang sumeleh ing pamakanan. Yo pangon iku kang nyebarake injil kang kawitan bab wiyosé sang juru slamet Bareng wus ganep wolung dina sang timur disupiti lan asmane katetepaké Yesus Yusuf lan Maryam banjur mbeto sang timur menyang Yerusalem kacaosake marang pangeran. Ing padaleman suci ono wong mursid lan ngabekti marang Allah, kang pinaringan wangsit déning sang roh suci yèn bakal ora mati sadurungé ndeleng sang Kristus. Wong iku jenenge Simeon. Duh Gusti sak meniko abdi paduko kesah klayan tentrem-rahayu. Kulo sampun nyumurupi kawilujengan saking paduko. Bocah iki wis kapiji dening Allah. Kaberkahono kabeh. Sak wisé ngrampungaké kabèh kang kudu dilakoni miturut angger-anggering toret banjur podo ninggalake Yerusalem bali menyang Nasaret. Bareng Yesus wis yuswo 12 taun Yusuf lan Maryam mbeto Yesus menyang Yerusalem mahargyo riyoyo paskah. Nanging bareng wayahe bali Yesus kantun, déné romo ibuné ora ngiro. Romo ibune bali menyang Yerusalem nggoleki Yesus, Sak wisé telung dino, ketemu ing padaleman suci lagi lenggah ono ing satengahe poro alim ulomo. Anake sopo iki? Kok wasis temen? Lare meniko momongan kulo saking Nasarèt, kerso ngapunten menawi kathah wantun. Kabèh kang krungu podo gumun. Angger, yo géné kowé kok mangkono.. apa pie ngungkuli kuwi klawan susah. Kenging menopo madosi kulo? Kulo rak wajib ing dalemipun sang romo. Sang timur Yesus kondur ing Nasarèt. Panjenengané soyo mindak wicaksono sarto antuk asih Allah lan manungsa. Ing 15 taun pamprintahan ing sang noto Tiberius, naliko Pontius Pilatus jumeneng gubernur tanah Yudea lan Hérodès raja wilayah Galiléa Hanas lan Kayafas imam agung Gusti Allah paring pangandiko marang nabi Yokanan ing oro-oro samun. Piyambake banjur ndlajahi tlatah Yordan kabèh, ngundhangake baptisan pamratobat murih apuraning dosa. Podo mratobato… lan kabaptiso.. maka Allah bakal ngapuro dosamu. Koyo kang tinulis ing kitab nabi Yesaya. Ono suworo ing oro-oro, jawisno margi ning Allah Lurung-lurungé lencengno, saben jurang kaurugono Gunung lan unthuk karatakno, kang menggak-menggok lencengno kang mendak mendukul ratakno, lan wong kabeh bakal weruh karahayon kang soko ing Allah. Kulo kedah ngelampahi menopo? Nggih kulo nglampahi menopo? E.. dedosane ulo beludak! Kulo kedawuhan menopo? Dedahno pundi margining tobat niku! Sing nduwe klambi loro menehono. Siji karo wong. Sing ora duwe. Lan sing duwe pangan, sedekaho. Guru.. kulo juru-mupu-beyo Kedah kados pundi? Ojo mupu ngluwihi kang wis katentokake Lan menawi kula? Kedah kados pundi? Ojo ngrampas dhuwiting liyané. Lan ojo meres sopo wae, nrimo ing blanjamu dhéwé. Menopo sampeyan sang Kristus? Aku mbaptis nganggo banyu, nanging ono kang kwasané ngungkuli aku. Nguculi agemé trumpah wae aku ora patut, panjenengané iku kang baptis klawan rusuk di lan geni Tampah kanggo nampi ing astane, gandum kaklumpukaké ing lumbung dene mrambuté kaobong. Sang roh suci nedhaki Yesus pindo manuk dara. Nuli ono sworo kang kaprungu soko langit. "Iki putraningsun kinasih, kang dadi kepareng ingsun." Naliko wiwit makaryo Yesus yuswo 30-an. Kundur soko Yordan panjenengané kapenuhan ing roh suci, lan katuntun roh menyang oro-oro samun. Banjur kagoda déning iblis patangpuluh dino tanpo dahar opo-opo. Iblis nuli matur mangkene.. menawi panjenengan putranipun Allah, kadawuhno selo meniko dados roti Wis katulis: Manungso iku ora urip soko roti waé nanging soko sabdaning Allah. Iblis tumuli nggowo gusti Yésus menyang papan kang dhuwur lan nedahaké kabèh krajan ing jagad. Kang waos lan kamulyan meniko sedoyo kulo ingkang nggadahi lan kulo saged nyukakaken dateng sinten kemawon ingkang kulo kajengaken. Milo menawi panjenengan nyembah dateng kulo, sedoyo meniko bade dados kagungan panjenengan. Wis katulis: Sembahan pangeran Allah hiro, yo kuwi kang kudu siro bekteni. Iblis nuli nggowo gusti Yesus menyang Yerusalem lan kajumenengake ing wuwungan padaleman suci. Menawi panjenengan putraning Allah sumonggo anjlok saking ngriki. Awit wonten seratan, panjenengané bakal ndawuhi poro malaikate nadai siro supoyo sikile ojo kesandung ing watu. Wis katulis: Siro ojo nyoba marang gusti Allah hiro. Yésus nuli rawuh ing Nasarèt panggonané naliko panjenengané kagulo wentah. Angger Dalem.. Nuli rawuh ing papan pangibadah koyo adate ing dino sabat. Banjur kaaturan maosake ayat soko kitab nabi Yésaya. Awit ingsun wis kapiji, ngasto kabar becik mring wong miskin. Ingsun ugo kautus martaaké luwaré wong kinunjoro lan ngelekake wong wuto. ngluwari wong-wong kang katindes ngundangake yen taun kang dadi keparenge pangeran wis tekan titi mangsane. Wah ngleremake banget.... Ayat iki wis kayektenan ing dino iki, sak jroning kowe podo ngrungokake. Kitab suci kayektenan? Nanging rak mung sang Mesih kang biso ngganepi janji iku! Kepiye kita bisa sumurup? Kowe mesti bakal ngucapake paribasan marang aku Hei dukun warasno awakmu déwé... Kabeh kang kok tindakake ing Kapernaum iku tindakno ugo ing tanah asal mu. Pituturku ning kowé ora ono nabi kang kajen ning tanah asalé déwé. Srono ngendikan mangkono iku, Yesus nilakaké yèn panjenengané iku sang Mesih, kang sinebatan déning Gusti Allah dadi juru slamet Ewo semono wong yahudi podo ora nampani. Wong Yahudi ngudi pisan ning njorokake Yesus menyang jurang. Nanging gusti Yesus nerabas soko tengahé wong akeh. Banjur tindak menyang Kapernaum kutho ing Galileo. Penjajahane Rum tetelo ing endi-endi panggonan. Bongso Yahudi nganti-anti rawuhe sang Mesih, kang bakal ngentas seko penjajahan. Tentrem-rahayu ing kowé Kagem ing panjenengan ugi. Praumu bisa tak nggo, Simon? Monggo. Panjenengané ora nilari pratoto. Gusti mugi kerso ngendiko.. Ngendiko, Gusti Inggih, Gusti Ngendiko, Gusti. Ono wong loro ndedonga ing padaleman suci. Sing siji Parisi sijine juru-mupu-beya. Wong Parisi ngadeg misah lan ndedonga mangkéné. Matur nuwun Gusti, dene kulo sanes tiyang serakah cidro lampah bidang kados tiyang-tiyang sanes, lan mboten kados juru-mupu-beyo meniko. Kulo siam kaping kalih seminggu, soho kulo misungsungaken pros dasan. Juru-mupu-béyo iku ngadeg ono ing kadohan, tumengo ing langit waé ora wani tumuli tebak-tebak dada kanti ngunjuk mangkéné "Gusti kawulo tiyang dosa kawelasono." Rungokno, bareng podo mulih juru mupu beyo iku kang kaanggep bener, dudu wong Parisi. Awit sopo kang ngluhurake awaké bakal kaasoraké. Sing sopo ngasoraké awaké bakal kaluhuraké Saiki nengaho menyang panggonan kang jero. Jalamu tibakno supoyo olèh iwak. Guru, sedalu muput kulo njolo, ewo semanten tanpo hasil. Nanging krono paduka ndawuhi, kulo nggih ngestoaken. Yakobus… Yokanan! Paduko tilar Gusti kulo tiyang dosa Ojo wedi. Wiwit saiki kowe dadi juru amèh wong. Moro sowano ing ngarsan ingsun, rungokno pangandikan ingsun temah siro bakal urip podo ngupoyoo Gusti Allah mumpung isih kerso disowani. Podo sesambato mumpung panjenengané isih ono celakan. Wong durhoko ninggalo dalané lan wong olo ninggalo pangrantamé. Podo mratobato temah dosamu kaapuro, lan uripmu bakal bungah sarto tentrem rahayu ngirit lakumu Panjenengané rawuh mrene.. delengen Gusti, Gusti, Yesus nyuwun tulung gusti paduka wilujengaken anak kulo estu ontang-anting menawi pejah gusti.. monggo, Monggo Gusti paring kawelasan! Nyuwun sewu pak larénipun kelajeng tilar, sampun ngribeti Guru malih. Ojo wedi... Kumandelo anakmu bakal slamet. Ojo nangis. Bocahé ora mati mung turu. Ngger.. tangiyo Bocahe wenehono mangan. Piwelingku ojo kok critakno sopo-sopo. Sak wisé iku Yésus mirso juru mupu beyo karan Matius Lewi lagi lungguh ing gerbang kutho nampani setoran pajek. Meluo aku.. Yésus nuli minggah ing gunung perlu ndedonga. Ing kono panjenengané ndedonga sawengi muput. Bareng wis raino Gusti milih murid rolas kang kasebut rasul. Simon kang ugo kasebut Pétrus, lan Andréas seduluré, Yakobus, lan Yukanan, Filipus, Bartolomeus, Matius, Tomas, Yakobus, anake Alfius, lan Simon kang karan wong zélot, lan Yudas, seduluré Yakobus. lan Yudas Iskariot kang ing tembe laku cidro. Rahayu kowe kang mlarat, amargo kowe kang nduwèni kratoning Allah Rahayu kowe kang saiki kaluwih margo bakal kawargan. Rahayu kowe kang saiki nangis awit kowe bakal gumuyu. Rahayu kowe menawa disengiti, disingkang-singkang lan diwewodo, sarta dianggep olo ing wong amargo soko putrané manungsa. Podo bungah-bungaho lan suko-sukoo, amargo sak nyatane gede ganjaranmu ono ing swargo. Awit poro nabi iyo digawé mangkono déning poro leluhuré. 16 17 18 19 20, wis kabèh. Opo maksudmu wis kabeh ha..! Bilaik kowé poro wong kang sugih, awit kowe wis podo tompo panglipur soko kasugihanmu. Deweke ora kepengin sugih mestine ora waras. Bilaik kowe kang saiki gumuyu, amargo kowe bakal nandang susah lan nangis. Bilaik menowo wong kabèh podo ngalembono marang kowé, awit iyo koyo mangkono iku panggawéné poro leluhuré marang poro nabi palsu. Rungokno héi kang ngrungokake pituturku, tresnoo marang mungsuhmu. Becikono wong kang nyengiti marang kowé. Kang nyupatani kowe suwono berkah. Kang nyujanani kowe dongakno becik. Sing sopo nangani pipimu sak sisih, sisihe pisan ulungno. Lan sing sopo ngrebut jubahmu sing ben ngepèk kotangmu pisan. Wong kang njejaluk marang kowe wenehono. Menowo barang darbekmu dijupuk wong, ojo kok jaluk baliné. Tandukno marang wong, Opo kang kok karepaké tumanduk ing awakmu. Menowo kowe tresno mung marang wong kang nresnani kowe, iku kowe oleh pituwas opo? Poro wong dosa rak iyo podo tumindak mangkono? Menowo kowé mbeciki wong kang podo mbeciki kowé, iku kowe oleh pituwas opo? Poro wong dosa rak iya podo tumindak mangkono? Kapidene panjenengané ngemek wong iku? malah omong barang Njijiki! Ora. Tresnoo marang mungsuhmu, podo mbecikono sarto silihono tanpo ngarep-arep baline Temah gedé ganjaranmu. Awit kowe bakal dadi putraning Allah. Margo panjenengane sae tumrap wong becik lan wong olo, Dipodo ambek-welasan, koyo ramamu yo ambek welasan. Gusti nyuwun tulung..!! Ojo ngukumi temah ora diukumi. Ojo ngadili temah ora diadili. Ngapuroo.. temah kaapuro. Paringono pitedah, Gusti! Wenehono temah bakal kawenehan sebab ukuran kang kok anggo bakal kaanggo ngukur kowé. Wong wuto ora iso nuntun wong wuto, awit loro karone bisa nyemplung blumbang Yo gene tatal ing mripaté sedulurmu kok weruhi nanging balok ing mripatmu ora? Paduko tuntun Gusti! Kulo betah panjenengan sak meniko, Gusti! Rahayu ibu ingkang ngaharbeni soho ngesti ing paduko! Duwe rahayu wong kang krungu pangandikaning Allah lan nggatekake. Aku kepéngin kenal wong iki. Rumangsamu opo deweke iku sang Mesih? Wong Parisi iki ngaturi dhahar ing omahe Nuli Yesus rawuh ing omahé lan ngembul dahar sesarengan. Ayo bocah-bocah metu.. ayo krungu ora.. metu. Lare-lare meniko ndableg, tur demen ribut.. Opo karepe mrene? Mbuh ra ngerti aku.. Lagi opo wong iku? Yen pancen deweke iku nabi mestine ngerti sopo kang nggabyok sikile iku. Deweke mesti ngerti yen iku wong dosa. Aku ngerti sopo wong iki, Simon. Rungokno pituturku. Ono wong loro utang marang wong potang. Kang siji limang atus sijiné seket dinar Gandeng karone ora bisa nyaur wong potang mau banjur nglilaké utangé. Endi sing luwih nresnani wong potang iku? Kulo kinten ingkang langkung kathah sambetanipun. Kowe bener. Delengen wong wadon iki. Aku teka ing omahmu, nanging kowe ora ngresiki sikilku. Mongko dewèké ngresiki sikilku nganggo luh-e lan rambute. Kowe ora ngarasi aku, nanging wong wadon iki ora kendhat ngarasi sikilku Kowe ora nglengani sirahku, nanging dhèwèké nggrujug sikilku nganggo lengo wangi. Weruh ono.. Gedene katresnan nelakake dosané kang akèh iku wus kaapuro. Nanging kang kaapuro sethithik, katresnane yo sethithik. Dosamu kaapuro.. Kumandelmu mitulungi, baliyo klawan tentrem. Kulo.. kulo! Yesus tindak martaaké injilé kratoning Allah kaderekake sakabate rolas. Lan sawetoro wanito kang wus kawarasaké anggoné kasurupan demit, yo iku Maria kang karan Magdalena, Yohana Sumaikusa juru-gedonge sang prabu Herodes lan Susanna. Nanging Herodes raja wilayah Galilea kang katetepake déning pamaréntah rum ngunjoro Yokanan pembaptis, sebab deweke ngelikake anggoné nikahi bojone seduluré. Piye? Wekdal kulo dumugi gerbang Kitonain, iring-iringan layon langkung ingkang pejah meniko anak ontang-antingipun mbok rondo. Naliko Yésus mirso, tuwuh trenyuh lan welasipun. Lajeng ndemek layon sarto ngendiko "Angger tangiyo." lare wau lajeng tangi lan kapasrahaken dening Yesus dateng mbokipun. Maturo.. mengkéné, paduko meniko ingkang badé rawuh? Menopo kedah nenggo sanesipun malih? Guru.. Guru.. Yokanan ngutus kulo matur.. menopo paduko meniko ingkang pinisti rawuh menopo sanesipun malih? Baliyo lan critakno opo kang kok deleng lan kok krungu. Wong wuto bisa ndeleng, wong lumpuh mlaku. Rahayu wong kang ora kecuwan ing bab aku. Pak gendong pak… Kene nang pundakku... bisa weruh? Yo aku weruh Yesus! Ono wong metu nyebar wiji.. Kang tibo ing pinggir ndalan kapidak-pidak uwong, lan dicucuki manuk nganti entèk. Dene kang tibo ing padasan yo bakal thukul nanging njur garing mergo ora olèh banyu. Kang tibo ing tengah eren, thukul bebarengan karo eri nanging njur mati kalindih. Wiji kang tibo ing lemah becik yo thukul lan ngetokaké woh Tikel 100. Gusti, kenging menopo to kok ngendikan mawi pasemon? Kowe diparengaké nyumurupi kekeraning keraton ing Allah nanging pring liyan adapur pasemon, supoyo nadyan ndeleng nanging ora weruh, krungu nanging ora ngerti. Pasemon mau tegesé mangkéné. Wiji iku pangandikané Allah. Kang tumibo ing pinggir ndalan iku wong kang wis podo krungu, nuli iblis marani sarto ngilangi soko sak jroning atiné supoyo ojo podo percoyo lan kaslametaké. Kang tumiba ing padhasan iku wong kang krungu pangandiko lan nampani klawan bungah, Nanging ora ngoyot, awit cethek pracoyoné. Bareng keno cobaning urip banjur murtad. Kang tumibo ing eren iku wong kang ngrungokake pangandiko nanging sak jrone thukul iku tumuli kalindih ing roso sumelang, kasugihan lan kanikmataning urip, temah ora bisa ngetokake woh kang mateng. Ono dene kang tumibo ing lemah kang becik. Iku wong kang sawuse krungu pangandika tumuli nyimpen ing ati kang becik, Sarto cumadang temah metokake woh klawan mantep. Ora ono wong nyumet dian banjur ngurupi tumpu, utowo ndekek ing longan. Nanging mesti numpangake ning njodog supoyo madangi wong kabèh kang mlebu ing omah. Sebab ora ono barang kasidem kang ora bakal kasumurupan. Ora ono wadi kang ora bakal kawruhan temah kaliyan. Mulo patrapmu ngrungokaké iku gatèkno, amargo sopo kang duwé iku bakal kaparingan, nanging sing sopo ora duwe iku bakal kapundutan dalah opo kang kanyono duwèké. Guru, paduko dipun tenggo ibu soho poro sedherek paduko wonten ing njawi. Ibu lan para sedulurku iku wong kang ngrungoake pangandikaning Allah banjur dilakoni. Ing sak wijining dino Gusti Yesus sesarengan karo poro sakabate lan ngandiko, ayo podo nyabrang. Sak jroning lelayaran, Gusti kesaren. Guru! Guru! Yesus! Sami katiwasan...prahoro ageng... bade kerem...nyuwun tulung! Kito bakal slamet..! Ono ing ngendi pangandelmu? Kacarito lakune wis tekan ing tanah Gerasa ing sabrangé tanah Galiléa. Yesus, putraning Allah ingkang maha luhur, kawula nyuwun. Sampun misakit kawula Sopo jenengmu? Legion.. Gusti sampun ngintun kawulo ing juranging pejah. Keparengo kawulo sami lumebet ing pantan babi meniko. Hey! Bali! Mandheg! Mandheg! Demit-demit mau banjur podo metu lan manjing ing pantan babi. Lungoo soko kene.. Eh juru sihir, tinggalno! Tinggalno panggonan iki! Tinggalno, nyingkiro seko kene! Kepareng kulo nderek paduko, temuh pundi kemawon. Muliho... Critakno kabeh kang kok alami. Gusti Yesus lan poro sakabate nyingkir menyang kutho Bètsaida. Nanging wong akèh podo weruh nuli nututi panjenengané. Bareng wis surup, Pétrus munjuk.. Gusti, kadawuhono tiyang-tiyang meniko sami kesah pados tedan lan pasipengan ing dusun-dusun sakiwo-tengen ngriki, awit panggenan meniko sepen. Kowe dewe wae kang podo menehi mangan. Ingkang wonten namung roti gangsal lan ulam kalih. Pinujiyo duh pangeran, gustining sarwo dumados, ingkang ngedalaken roti saking bumi. Iku mukjijat! Kandane wong akeh, aku iki sopo? Wonten ingkang mastani Yukanan pembaptis Ugi nabi Elia. Wonten malih ingkang mastani salah satunggaling nabi ing jaman kino ingkang sampun wungu malih. Yen panemumu déwé. Aku iki sopo? Sang Kristus saking Allah. Ojo citro sopo-sopo. Putraning manungso iku pinesti nandang sengsoro, ditampik lan disedani. Nanging ing telung dinané bakal kawungokaké. Opo ono kang arep melu aku? Kulo bade nderek, Gusti. Nanging keparengo kulo pamitan rumiyin dateng brayat kulo. Wong kang wiwit ngluku mengko banjur noleh mburi iku ora pantes tumrap kratoning Allah. Sing sopo kepengin ngetut mburi aku, kudu nyingkur awaké déwé manggul salibe saben dino lan ngetutake aku. Sing sopo kemudu kudu ngrekso nyawane bakal kelangan nyawane. Sing sopo kelangan nyawane margo soko aku bakal nylametaké nyawané. Opo to untunge? Menawa wong nduwèni jagad iki kabèh nanging kelangan nyawane Sing sopo isin mergo soko aku lan piwulangku, putrané manungso yo bakal lingsem margo soko wong iku menowo rawuh kanti kamulyané, lan kamulyane sang romo serta malekat suci. Satemene pituturku. Ono wong ing antaramu kene kang ora bakal mati sak durungé ndeleng kratoning Allah. Nuli Yesus ngasto Yokanan lan Yakobus minggah menyang gunung ndedungo. Ing sak jroning ndedonga pasuryane katon sumunar lan agemané katon putih mencorong. Dumadakan ono priyo loro imbal pangandiko karo panjenengané yoiku nabi Musa lan nabi Elia, kekaroné ngal-tiningal ngagem kamulyan. Paduko netepi kersanipun Allah. Panjengenan bade sedo ing Yerusalem. Bareng pria loro mau lagi podo arep mundur soko ing ngarsané, Pétrus munjuk marang Gusti. Guru, kawulo sami rumaos begjo saget wonten ing mriki, mugi kawulo sami kepareng ndamel tarub tigo, setunggal kagem paduko. Sak jroning matur mangkono iku banjur ono mego teko ngayomi. Bareng podo kalimbutaning mego mau, poro murid podo wedi. Ing mego kono mau tumuli ono sworo keprungu mangkene, "Iki putraningsun kang ingsun pilih podo estokno dawuhé." Gusti! Gusti! Kula nyuwun paduka pirsani anak kula! Monggo paduko pitulungi anak kulo namung setunggal. Kulo sampun nedho tulung dateng poro sekabat paduko, Supados nundung demit puniko nanging sami mboten saget. Hei jinis kang ora percaya lan kang keblinger! Nganti piro lawasé nggonku kudu tetunggalan karo kowe lan nyabari kowe! Gawanen mrene anakmu.. Raine kok dadi resik.. medap-medapi.. Mucal kawula ndedonga kados nabi yokanan mucal sekabatipun. Menowo kowé ndedonga, munjuko koyo mengkene.. duh romo kawulo wonten ing swargo asmo paduko kasucekno kraton paduko rawuh karso paduko kalampahono ing bumi kados déné ing swargo kawulo kaparingono rejeki ing saben dintenipun soho dosa kawulo kaapuntenono, kados dene kawulo ngapunten tiyang ingkang kalepatan dateng kawulo Sarto sampun katandukaken ing panggoda nanging kauwalno saking piawon. Podo nyenyuwuno temah bakal kaparingan, Podo ngupoyoo temah bakal olèh. Podo thothok-thothoko temah bakal kawenganan, Amarga saben wong kang nyenyuwun bakal tampa lan kang golèk bakal olèh. Tuwin kang thothok-thothok iku bakal kawenganan. Sopo to sapanunggalanmu kang jeneng bopo menowo dijaluki iwak anaké bakal mènèhi ulo kanggo ijoli iwak utowo menowo njaluk endhog diwenehi kolojengking? Dadi yen kowe senajan olo ngerti ing pawèwèh kang becik marang anakmu, Opo meneh ramamu kang ono ing swargo? Mesti bakal maringi roh suci marang kang podo nyuwun. Mulané aku pitutur marang kowé, ojo podo sumelang ing bab uripmu opo kang bakal kok pangan, Lan aja sumelang ing bab awakmu, opo kang bakal kok sandang. Amargo urip iku ajiné ngungkuli pangan lan badan iku ngungkuli sandang. Podo delengen manuk gagak iku. Podo ora nyebar lan ora nderep, ugo ora duwé gudang utowo lumbung, ewo semono podo diparingi pangan déning Gusti Allah. Ajimu rak ngungkuli manuk-manuk iku. Sopo to wonge kang margo soko sumelange bisa nyambung umuré sak asto wae? Dadi yen kang sepele dewe wae kowe ora biso, yo gene dene kowe. nyumelangaké kang liya-liyane. Delengen kembang bakung iki kepriye anggone tuwuh? Podo ora ngantih lan nenun, ewo semono rojo Sulaiman sak jrone kaluhurane agemane ora ngungkuli endahe kembang iku. Dadi menowo Gusti Allah ndandani suket ing oro-oro kang dino iki ono isuke kaobong, iku dipenganggoni déning Gusti Allah koyo mangkono, luwih manèh kowé. héi.. wong kang cupet ing pangandel… Wewahi iman kawulo Gusti? Menowo kowe nduweni iman sak wiji sawi wae kowe biso printah marang wit anjir iki. Rungkato lan tumancepo ing segoro lan mesti bakal manut perintahmu. Sandungan iku pancèn kudu ono, nanging bilaik wong kang njalari tekane. Luwih becik wong iku dikalungi watu panggilingan banjur dicemplungaké ing segoro, ketimbang njalari sandungan tumrap salah sijine wong kang ringkih iki. Kratone Allah iku umpamane koyo opo? Iku kaupamaake wong kang ndeder wiji sawi ing pakebonané. Wiji iku banjur thukul lan dadi wit, nganti manuk-manuk podo nusuh ing pang-pangé. Aku ora mudeng sing dipangandikake? Yo kene kowé podo mangan lan ngombé awur karo juru pajeg lan wong dosa. Wong waras iku ora mbutuhaké dokter mung wong sing lara. Tekaku ora ngundang wong sampurno supoyo mratobat, nanging mung wong dasa. Monggo dipun lajengaken, wonten sanesipun malih? Ojo podo wedi pepandan cilik, awit ramamu wis kepareng maringaké kraton iku marang kowé. Barang tarbekmu dolono kabèh banjur ndedonoo. Gaweyo dompet kang ora biso rusak, simpenan rojo brono nang swargo temah ora bakal kalong, awit ora bakal ketekan maling sarto ora bakal karusak déning renget. Amargo ing ngendi dunungé bandamu yo ing kono dunungé atimu. Ibu, sampeyan wis kawarasaké. Delengen! Delengen! Deweke waras! Mujizat iki…! Delengen! Deweke waras, ayo delengen..! Puji, Gusti! Kulo..setaun kulo sakit. Pangeran jangkung panjenengan, Guru! Ono enem dino kanggo nyambut gawé, mulo tekoo ing dino-dino iku, nanging ojo ing dino sabat! Hei poro wong lamis.. opo panunggalanmu podo ora nguculi sapi lan kuldiné soko kandang kagiring ngombé ing dino sabat? Opo manèh wong wadon iki kang tedhak turuné romo Abraham, wis wolulas taun lawasé kabelenggu déning iblis opo ora patut diuculi blengguné ing dino sabat? Guru ingkang utami menopo ingkang kedah kulo lampahi supados angsal gesang langgeng? Yo gene kowe ngarani aku utomo, ora ono wong kang utomo mung gusti Allah piyambak. Kowe rak nyumurupi pepakon? Sira ojo laku jino, ojo mematèni, ojo nyenyolong, ojo ngucapake paseksi goro, lajeng ono bopo biyung iro. Meniko sedoyo sampun kulo lampahi wiwit anémilo. Isih ono siji kang kudu kok lakoni. Dolen kabèh barang darbèkmu, sadekahno marang wong-wong miskin temah kowe bakal sugih bondo in swargo. Nuli mreneo melu aku. Wah awrat…kulo dagang.. Sugih pisan.. Ibo angele wong sugih bisané lumebu ing kratoning Allah. Luwih gampang onta lumebu ing bolonganing dom katimbang karo wong sugih bisane lumebu ing kratoning Allah. Lajeng sinten ingkang saged wilujeng? Opo kang mokal tumraping manungso iku ora mokal tumraping Allah. Sayektosipun, ing pundi kratonipun Allah meniko? Kratoning Allah iku ora rawuh sacoro kasat moto koyo mangkono. ora ono wong celatu, delengen… ono ing kono, utowo ono ing kene, awit kratoning Allah iku ono ing kowé. Bakal tumeko wektuné kowé podo kepingin ndeleng salah sak wijining dinane putrané manungso, nanging ora bakal bisa ndeleng. Koyo déné kilat gumebyar madhangi langit sisih kono lan sisih kéné, mengkono ugo rawuhe dinané putrané manungso. Nanging panjenengané kudu nandang sangsoro akèh disik lan katampik déning jinis iki. Luwih gampang sirnane langit lan bumi, katimbang karo bataling titik siji kang ono ing angger-anggering toret. Awit pituturku marang kowé, akèh nabi lan ratu podo kepingin nyumurupi kang kok deleng nanging ora kelakon, sarto kepengin krungu kang kok rungu nanging ora kelakon. Kawulo kedah nglampahi menopo? Kang katulis ing kitab suci? Kok ngertèni kepiye? Tresno marang pangeran Allahmu, klawan gumolong ing atimu, nyawamu, yo kekuatanmu, lan budimu, sarto marang pepadanmu koyo awakmu déwé. Bener. Lakonono temah kowe bakal urip. Lajeng sinten sesami kula menika? Dudu prajurit-prajurit iku! Opo sing noto agung? Ono wong lumaku anjlog soko Yerusalem menyang Yeriko. Kadadéyan wong mau kabegal, diblejeti lan dipilara nuli ditinggal setengah mati. Lah ono imam lewat ing kono. Bareng weruhi wong mau banjur nyingkir. Mangkono ugo wong lewi kang pinuju lewat ing kono, ndeleng sedelo banjur nyingkir ugo. Nuli ono wong Samaria kang lagi lelungan ugo lewat ing kono, barang meruhi wong mau banjur trenyuh atiné soko welasé. Wong mau banjur diparani Tatu-tatuné diperban nuli dikopoh lengo lan anggur. Banjur ditunggangake ing kuldiné, digowo menyang ing panginepan sarto dirukti. Ésuké kang duwé penginepan diwenehi duit rong dinar sarto diweling supoyo mulosoro. Déné menowo ngragati luwih gede, bakal keganti lunas sak baline wong iku. Lha panemumu soko wong telu iku endi sing dadi pepadané wong kang kabegal mau? Tiyang ingkang welas dhateng piyambakipun. Mulo nglakoni mangkono ugo. Cikben bocah-bocah podo marani aku aja kok penggak, sebab wong-wong kang koyo mangkono iku kang nduwèni kratoning Allah. Sak temene pituturku sing sopo anggone nampani kratoning Allah ora koyo bocah cilik iki, ora bakal lumebu ing kono. Sing sopo nampani bocah cilik iki atas soko jenengku iku nampani aku, lan kang nampani aku iku nampani panjenengané kang ngutus aku. Sing kepingin dadi gede dadiyo patuh. Ono kedadeyan opo iki? Panjenengané Yesus soko Nasaret rawuh. Yesus! Yesus! Gadahipun Daud, nyuwun kawelasan..! Karepmu kowe dak kapakake? Kawulo saget ningali malih. Delengo, kumandelmu wus mitulungi kowe. Aku bisa ndeleng. Aku bisa ndeleng manèh! Aku bisa ndeleng! Ing sak jroning Yesus tindakan menyang Yerusalem, Akeh poro wong golongan kang manggihi panjenengane, ing ngendi-ngendi panggonan. Wong akeh podo nyuwun supoyo katedahaké dalaning karahayon, Sarto podo nyuwun kawulang luwih akèh bab kratoning Allah. Gusti, paduko welasi kawulo.. Priyayi iki nyoto-nyoto nabi.. Inggih Gusti paringo pangluwaran.. Pinujiyo asmane… Kawulo sami katuntuno ing margining kaleresan Gusti! Wong akeh podo wiwit nampani Yesus jumeneng gusti lan guruné. Ing Yeriko ono juru mupu beyo kaaran Sakius kang endhek dedege. Deweke kepingin banget weruh Yesus mulo banjur mènèk wit. Lho, iku rak juru mupu beya. Énggal mudhuno Sakius, awit dino iki aku arep leren ing omahmu. Ing griya kula?! Lho kok kerso lerem ono ing omahé wong dosa? Lan maneh kok kenal Sakius? Rungokno, setengahé bandaku tak jakataké kanggo wong miskin, déné menowo ono kang tak peres bakal tak balekake tikel pingpat..! Ora ngandel aku, kok ono juru mupu beyo mbalekake beyane.., mokal iku…yo to! Ing dino iki omah iki katekan karahayon, awit wong iki ugo tedhake romo Abraham. Dene putrané manungso iku rawuhe perlu nggolèki lan mitulungi rahayu kang katriwa. Rungokno. Kito arep budal menyang Yerusalem. Ing kono kabèh kang katulis déning poro nabi bab putrané manungso iku bakal kaya pena. Panjenengané dipasrahake marang wong-wong kabèh. Bakal dipoyoki disio-sio lan digawe pangewan-ewan. Sarto dipecuti lan disedani. Nanging ing telung dinane bakal wungu maneh. Sanadyan panjenengane mirso yen bakal disedani krono dosane manungso, akeh wong kang podo giyak-giyak suko karo memuji gusti Allah, kanti sora-sora. Ing dino rawuhé kanti nyekseni yen panjenengané iku jumeneng rajané. Guru, murid murid panjenengan kadhawuhono supados anteng! Rungokno.. menowo nganti wong wong kuwi podo meneng, Watu-watu iku kang bakal podo nguwoh-nguwoh.. Hosana… binerkahono panjengenane..! Bareng tindaké soyo cedak Yerusalem, trenyuh penggalihe mirsani kutho iku. Panjenengané banjur muwun sarto ngendiko, Ibo becike sak umpomo ing dino iku kowe podo nyumurupi. Dalane tentrem rahayu emandene kowe podo ora nyumurupi iku. Bakal tumeko wektuné naliko mungsuhmu podo ngedegi kowe ing sakiwo tengenmu sarto ngepung lan ngesuk kowe ing ngendi endi. Lan ing sak jroning tembok-tembok iku kowe bakal katumpes, kowe lan anak-anakmu. Sarto mungsuhmu ora bakal ninggal watu siji wae tumumpang ing watu liyané, awit kuwi ora nyumurupi wektu anggone gusti Allah nduwèni kowe. Padeleman suci ing Yerusalem minongko dalem pamujan, wus malih dadi pasar kanggo dagang. Wis katulisan.. Padalemane ingsun iku dalem pamujan, nanging kowe podo ndadekake nggo mbegal..! Kewan-kewan diuculi… Ndegno.. ndegno…! Undangen wong jogo.. undangen wong jogo…! Tantangan tuwuh ndodro soko antarané poro panggedéné kaum politik lan agomo. Awit wong akeh podo nyekseni yen Yesus iku ratu. Aku sumurupi wong akeh podo ngagungake panjenengane koyo ratu. Ratu? Ratuné wong-wong kere, sundel lan maling, kito wis ndeleng sak durunge wong-wong iku teko podo Gawé akon-akon banjur lungo lan nglalekake. Ojo merem mripatmu.. delengen..pandereke rak soyo tambah saben dinane, lan wong-wong podo kairaman. Pikiren wong iku kaanggep ratu. Mulo tak elingaké, ojo nganti wong iki gawé kisruh, yen ora kowe tak tangkep. Biso ugo dèwèké bener. Saiki wektuné kito ngadepi wong iku. Poro pendereke Yesus soko bongso Yahudi soyo mundak akeh, koyo dene unggahé poro wong kang kawelehake déning Yesus soko golongan parisi lan ahli toret. Mangkono ugo undake wong-wong kang mungsuhi panjenengané. Ing sak jroning padeleman suci, Yesus mirsani mbok rondo kang miskin banget lagi misungungake duitan rong igar. Opo ora bisa ditambah? Pituturku ing kowe, rondo miskin iku misungsungaké luwih akeh ketimbang wong liyané kabèh. Awit wong-wong liyané misungsungake soko kaluwihané, nanging rondo miskin iki misungsungake malah soko kakurangané, yoiku sak uripe kabeh. Kandakno kanti panguwoso soko ngendi anggonmu nitahake kabeh iki? Lan sopo kang maringi? Wangsulono disik pitakonku. Kandakno pambaptise nabi Yokanan iku soko Allah, opo soko manungso? Opo jawab kito? Yen kito kondo soko Allah, dèwèké bakal kondo yèn ngono yo gene kowe ora pracoyo. Yèn kito jawab soko manungso wong akeh bakal mbenturi watu marang kito. Amargo podo yakin yèn Yokanan iku nabi. Kawulo sami mboten sumerep saking pundi. Yèn mangkono aku ya ora bakal ngandhani kowe, panguwasaku iku soko ngendi. Kacarito ono wong kang gawe pakebonan anggur. Nuli nyewakake marang wong-wong tani, banjur ninggalake omah sawetoro mongso. Bareng tekan titi mangsané panèn, banjur kongkonan bature siji marang wong-wong tani, njupuk asil paling kang dadi pandumane. nanging wong-wong tani iku nggebuki bature dikon bali nglenthung mula banjur kongkonan batur liyane. Nanging batur iku ugo digebuki sarto diwirang-wirangake lan dikon bali nglenthung. Wong iku banjur kongkonan maneh bature kang katelu, nanging ugo ditatoni terus diuncalake metu soko kebon. Kang duwé kebon iku ngudo roso, opo kang kudu tak tindakake? Aku arep kongkonan anakku kang kinasih. Mesti bakal dieringi. Nanging bareng wong-wong tani iku meruhi tekané, banjur podo rembugan. Iki ahli warisé.. ayo dipatèni cikben warisané tibo ing kito. Dipun lajengaken.. Anaké diuncalake seko kebon banjur dipatèni. Terus kang duwé kebon arep matrapi opo marang wong-wong mau? Deweke bakal teko lan numpes wong-wong mau, déné kebon angguré diséwaké wong liyo. Banjur opo tegese nas iki? Watu kang tinampik déning poro juru gawé omah iku wis balik dadi watu pojokan kang aji banget. Sing sopo tibo ing watu iku bakal ajur mumur, lan ugo sing sopo ketiban watu iku yo bakal ajur dadi lebu. Guru, kulo mangertos yen pangandiko lan piwulangan panjenengan leres. Kula mangertos panjenengan boten pados pangalembanane tiyang, nanging panjenengan mucal kayektosan pangandikanipun Allah. Lajeng menawi kawulo sami saos paos dateng sang noto agung puniko kepareng menopo mboten? Ngatos atos Gusti, piyambakipun nyingkolong panjenengan! Aku duduhono duit dinar.. Gambar lan tulisane sopo ing duit iki? Sang noto agung…. Yèn mengkono aturno marang sang noto agung kang dadi kagungane sang noto, lan marang Gusti Allah kang dadi kagungane Gusti Allah. Ayo arep ngomong opo kowe….? Bareng wis cedak dinane riyoyo roti tanpo ragi kang kasebut paskah iku, Yesus banjur ngutus Petrus lan Yokanan nyawisake dijana paskah. Aku wis kepingin banget mangan paskah iki bareng karo kowé kabèh sak durungé aku sangsoro. Pituturku ing kuwi kuwi aku ra bakal mangan iki manèh nganti tumeka kayektèn ane ana ing kratoning Allah. Pinujio asmo paduko duh pangeran Allah, gusti ning sarwo dumados, ingkang ngedalaken anggur saking witipun. Tampanono lan edumen, pituturku ing kowe aku ora bakal ngombé pametuning wit anggur manèh nganti kratoning Allah rawuh. Pinujio asmo paduko duh pangeran Allah, gusti ning sarwo dumados, ingkang ngedalaken roti saking bumi. Iki badanku kang kaparingaké margo soko kowé. Iki tindakno minongko pangeling-eling marang aku. Tuwung iki perjanjian anyar, kang karono getihku, kang kawutahaké margo soko kowe. Nanging lah tangane wong kang ngulungake aku nunggal karo aku ing mejo kene. Putrané manungso pancen kudu kaulungaké, seda miturut pepestening Allah, nanging bilaik wong kang njalari anggoné kaulungaké. Ora bisa. Mokal! Sinten ingkang lampah cidro meniko, Gusti? Kang duwur dewe ing antaramu, iku dadiyo kang anom dewe. Lan kang dadi panuntun dadiyo kang ngladeni. Amargo sopo to kang luwih gedé, kang linggih mangan? Opo kang ngladeni? Rak kang linggih mangan. Nanging aku iki ono ing tengah-tengahmu koyo déné kang ngladèni. Kowé kabèh podo urip bebarengan karo aku ing sak jroning aku keno goda rencono. Mulo aku kepareng maringaké kraton marang kowe, Koyo déné ramaku wis kepareng maringaké kraton marang aku. Kowe bakal podo mangan lan ngombé tunggal sak mejo karo aku ono ing kratonku. Lan kowe bakal podo lungguh mrentah rolas taler Israel. Lajeng mboten wonten ingkang lampah cidro? Simon, Simon, sumurupo... Iblis adreng anggone nyoba kowe kabeh kanggo misahaké kang becik soko kang olo. koyo dene wong tani napeni gandum kapisahake soko dedak. Nanging kowe wis ndak dongakaké, supoyo pracoyomu ora ilang. Lan kowe menowo mratobat poro sedulurmu santosakno. Gusti, kawulo relo dipun kunjoro klayan paduko. lan sinau pepados pisan! Pituturku ing kowe Petrus.. ing dino iki bakal ora ono jagu kluruk sak durunge kowe nyilaki aku rambah kaping telu. Naliko kowé podo kautus kae rak ora nggowo opo-opo. Opo kekurangan? Mboten.. Mboten babar pisan.. Nanging saiki sing sopo duwé dompet utowo kantong kagowo. Lan kang ora duwé pedang ngedolo jubahe kanggo tuku. Pituturku ing kowe wus tinulis ing kitab suci panjenengane kapitung wong durhoko, lan kang katulis tumraping aku iku lagi kelakon Lha..puniko wonten pedang kalih, Gusti! Wis to cukup.. Poro pangareping imam lan ahli tored podo golek dalan anggoné biso nyédani panjenengané. Yudas kang peparab Iscariot panunggalané sakabat rolas banjur karasuk ing iblis. Yudas nuli lungo nemoni pangareping imam arep ngulungaké Yésus. Dene Yesus tilar Yerusalem, lan tindak menyang gunung zaitun perlu ndedongo. Ndedongoo, supoyo kowé ora keno ing panggoda. Yudas Iskariot ngedol Yesus kanthi rego telung puluh sekel seluko. Yesus mirso yèn titi mangsa anggone sédo minongko tebusan tumrap dosané wong akeh Wis soyo cedak nuli Yesus ndedonga.. Duh Romo, menawi paduko marengaken, mugi tuwung puniko kapunduto saking kawulo, Nanging sampun pikajeng kawulo, namung kersoo paduko ingkang kalampahono. Banjur dikatingali malaikat soko ing swargo, nyantu sak ake panjenengané. Griwiné nganti koyo tetesing getih kang podo tumibo ing lemah. Yo gene kowe podo turu? Tangiyo... Podo ndedongoo supoyo ojo tumibo ing panggoda. Yudas. Opo srono nucup mangkene anggonmu ngulungake putrane manungso? Gusti, menopo pareng kulo pedang? Ayo cekelan mung iki! Wes ta cukup! Mukjijat! Opo aku kokanggep bégal dene kowe podo teka nggowo pedang lan penthung. Saben dino aku ono ing pedaleman suci kowe ora podo nyekel aku, pancen saiki wektumu tumindak, awit panguasané pepeteng nguwasani kowe. Jaga dheweke kanthi becik. Yesus kabekto menyang plataran dicecenges poro prajurit. Koyo déné patrapé nyenyenges rojoné wong Yahudi, kagawe pangewan-ewan. Iki jubah kemanisan ratu ha! Kandakno opo kang bakal kelakon. Opo kowe arep nylametake aku kabeh kang minulyo? Arep nylametake? Wong iki iya sing bebarengan karo Yesus. Aku babar pisan ora kenal wong iku. Aku meruhi deweke bebarengan. Poro abdi ing tengah sore. Dados pundi prayoginipun matur panghormat.. Kowe rak yo panunggalané to..? Ora, dudu aku! Tenan wong iku pancen panunggalané Yesus, lan ugo deweke iku wong Galilea. Lungoo... Aku ora ngerti karepmu, opo sing kok omongake iku. Yésus banjur minger mirsani Pétrus. Petrus nuli kèlingan pangandikane Yesus marang deweke. Sak durunge jago kluruk ing dino iki, kowé wis nyelaki aku kaping telu. Gusti, kawulo nyuwun mugi paduko kerso naduhaken sih paling mirmo paduko dateng kawulo.. Nyondongi sih rahmat paduko ingkang mekaten agengipun. Paduko ingkang ngapuntening durhakaning poro leluhur kawulo, ingkang mbalelo lawan dawuh pangandiko paduko. Paduko paring duko, ewo semanten paduko mboten negakaken sami katumpas. Awit, krono katresnan paduko lan krono prajanji sarto kasetian paduko piyambak. Paduko milujengaken poro leluhur kawulo. Sopo sing kang ngudi kowe? Ramalen..! Sopo kang bakal nggebuki kowe manèh? Lereni… Gawanen ngadep peradataning agomo. Ayo tangi… ! Poro pradataning agomo podo sapatemon, perlu ngajokake pitakonan marang Yesus. Jawab, opo kowe iku sang Kristus? Senadyan aku ngandhani, kowe bakal podo ora ngandel. Lan sak umpomo aku pitakon kowe, iyo bakal podo ora mangsuli. Nanging wiwit saiki putrané manungsa wis lenggah ono ing sak tengene Allah kang moho kuwoso. Yèn mangkono kowé iku Putrane Allah? Kowe dewe ngandakake. Sopo kang menehi deweke wenang ngomong mangkono iku? Kito wis podo krungu déwé soko pengucape. Kito ladekake marang sang Pilatus. Ayo kito gowo..! Maju.. Wong kabèh banjur podo mbekto Yésus ngadep marang Pilatus, salah sijining panggede ing negoro Rum kang paling kejem, kang wus nyalibaké wong ewon cacahé. Opo perlumu mrene? Esuk-esuk mengkene? Kulo sami nyepeng tiyang menika awit nyasaraken tiyang kathah. Piyambakipun damel kisruh ing padaleman suci. Kaukum menopo tiyang puniko? Paringo nopo ukuman? Tumraping lagu wong iki ora tinemu kalebutané. Kulo sami manggihaken kalepatanipun, menging rakyat ngaturaken paos dateng sang noto agung, ngakenaken san Kristus, ratu. Ratu? Panjenengan ratunipun tiyang yahudi? Panjenengan sampun mastani. Piyambakipun wiwiti ing Galiléa langsa punika dumugi ing mriki. Ing Galiléa. Opo priyayi iki soko Galiléa? Yen mangkono cikbèn prabu Hérodès kang ngurus. Panjenengane isih ono ing Yerusalem to… aturno sang Hérodès..! Kowe iku sopo sejatine? Sopo kang kok sebut muridmu iku? Katuturake déning wong akeh yèn kowe kerep nindakake mujijat. Coba gaweyo mujijat saiki. Sang Prabu, piyambakipun punika nyasaraken tiyang kathah. Pangakenipun piyambakipun punika ratu. Wong iki, ratu? Ingkang mimulyo.. Gebugono…! Balekno marang Pilatus.. Iki wewengkone. Priyayi iki ora nglakoni kang patut kaukum ati. Mulo mung bakal dak ajar, banjur dak luwari. Panjenengan wajib ngluwari tiyang setunggal ing dinten riyadin puniko. Kaluwarana, Barabas, Lan kasirnakno tiyang puniko.. Inggih… Kaluwarono, Barabas, Kowe, kowe wujud ana! Wong akeh terus bengok bengok kanti sora supoyo Yesus kasalibo.. Temah Pilatus mutusaké ukuman mati tumrap Yesus nuruti panjaluke wong akèh Deweke ngluwari Barabas kang kakunjur krono gawé rerusuh, lan rojo pati. Sarto ngulungaké Yesus marang wong-wong mau supoyo kasalib. Kowe! sopo jenengmu? Simon saking Cerini. Genteni deweke! Rantasi taliné! Kulo getun Gusti, getun.. Monggo kaujuk.. Ngunjuk Gusti… Hei anak-anake wadon Yerusalem, ojo nangisi aku. Tangisono awakmu dewe lan anak anakmu iku. Sebab menowo koyo mangkene iki panggawéné wong marang kayu kang urip, soyo manèh kang garing bakal dikapakake? Ah pangeran mitulungi panjenengan.. Kulo dongakaken.. panjenengan.. Kaampunteno tiyang-tiyang puniko romo, awit mboten mangertos pandamelipun. Wong-wong liyo dislametaké, cikben saiki njlametaké awake dewe. Yo.. slametno awakmu dewe yen pancen kowe sang Kristus! Endi mujijatmu..! Ayo tokno..! Tuduhna salah sawijining kaelokanmu! Yesus katalib ing antarané durjana loro. Nggenepi nubuat koyo kang wis kaweco déning poro nabi ing atusan tahun sak durungé kelakon. Iki jubah elok ora sak baene.. Kene cepet ojo disuwek.. aku yo usul.. Ayo kito undi wae! Kowe menang.. Bejo kowe menang.. arep kok apakake jubah iku? Ing sak ndhuwuré mustokone ono tulisan kang uniné mangkéné: "Iki ratune wong Yahudi." Slametno awakmu yen kowe nyoto ratune wong Yahudi! Kowe. Rak.. Sang Kristus to... Slamet no awakmu dewe.. lan aku.. Opo kowe ora wedi marang Allah? Panjenengané nompo paukuman kang podo karo kowe, mongko ora kagungan salah. Menawi rawuh ing kraton paduko kaengetono kawulo, duh Yésus.. Aku prajanji. Dino iki ugo kowé bakal bebarengan karo aku, Ing Firdaus.. Wektu iku wayah awan lan pagowong nglimputi satanah kabeh telung jam suwéné, nganti jam telu sore. Kubah ing padaleman suci suwék ing tengah dadi loro. Ing ngarso paduka.. kawulo pasrahaken.. nyowo kawulo! Bareng panggedhéning prajurit nyumurupi lelakon iku, tumuli ngluhuraké Gusti Allah Pangucapé… Pinujiyo asmané Allah. Nyoto yen wong iki tanpo kaluputan. Yusuf soko Arimatéa warganing pradoto agung, wong kang becik lan mursid, kang ora mèlu nyarujuki tumindake pradoto olèh ijin soko Pilatus, kanggo nyarèkaké layoné Yésus ing kubur. Sak durungé dino pacawisan kang diwiwiti wayah surup. Nuwun sèwu, kulo sami ndhèrèk nguntapaken layonipun Gusti. Mboten dados menopo, sumonggo dinten sabat sampun celak. Ing dino minggu wayah ésuk umun-umun, Wong-wong wadon mau podo menyang pasaréan nggowo anggi-anggi kang wus kacawisaké. Wong-wong mau podo mrangguli watu tutupé pasareyan wus kaglimpangake. Bareng podo lumebu layone Gusti Yesus wus ora ono. Yogéné kowé podo nggolèki kang gesang ono ing antarané kang mati. Panjenengané ora ono ing kéné wis wungu. Elingo marang opo kang wis kapangandikakaké marang kowe kabeh, nalika isih ono ing tanah Galiléa. Putraning manungso bakal kaulungaké marang wong-wong dosa kasalib sarto wungu maneh ing telung dinané. Rungokno! Watune wis kaglimpangaké aku kabeh mlebu, lan layoné Gusti kito.. ilang! Opo? Layoné Gusti ilang? Lan malaikat loro nyedhaki, mencorong, koyo srengéngé, lan ngendiko, Yo gene kowe nggoleki kang gesang, ing antarane kang mati.. Tenan! Bahaya. Bahaya Aku kabeh meruhi, lungoo nyatakno dewe, pasareané kothong, Gusti wis miyos! Petrus, ngandelo..! Yesus ngetingal marang sakabate loro. Poro sakabat mau nuli bali manggih sakabat liyané kanthi suko reno. Nyoto, Gusti wus wungu, lan ngetingal marang poro sekabat! Aku kabeh pangling karo panjenengané. Uga wektu ing dalan, nalika Gusti nyuil-nyuil roti, aku wiwit eling! E..e.. maos, kok aneh panjenengané tindak menyang kana? Tentrem-rahayu ing kowe kabeh. Yo gene atimu melang-melang. Opo sebabé kowe mangu-mangu? Delengen… Tanganku lan sikilku. Weruhono yen iki aku dewe. Grayangono lan kowe bakal sumurup. Awit memedi iku ora duwé daging lan balung koyo kang kok deleng ing aku. Iki pituturku sing tak kandhakake Naliko aku isih nunggal karo kowe kabeh. Kabèh kang katulisan tumraping aku ono ing torèt lan kitabé poro nabi sarto mazmur iku kudu kayaktenan. Iki kang katulisan. Sang Kristus pinesti nandang sangsoro lan wungu soko sédo ing telung dinané. Lan atas asmane, pawarto bab pamratobat lan pangapuraning dosa kudu kaundhangaké marang sak kabehe bongso kawiwitan ing Yerusalem. Kowé kabèh kang dadi seksine. Lan kowé bakal podo dak kirimi opo kang kajanjekake déning romoku. nanging entenono ing Yerusalem, nganti kasekten kang soko ngaluhur kaparingake ing kowé kabèh. Pangeran mberkahi lan ngrekso kowe kabeh. Sak kabehing panguwoso ing swargo lan ing bumi wus kaparingaké marang aku. Mulo podo lungoo sak kabehing bongso podo dadekno siswaku lan podo baptisen ing asmane sang Romo sang Putro lan sang Roh Suci. Opo dene podo wulangen, opo kang wus dak dawuhake marang kowe kabeh. Lak aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeko ing wekasaning jaman. Amin. Ono ing kitab suci Allah ngendiko, yen Almasih bakal rawuh pinongko juru slameting donya. Lelakon uripe Isa bukti yèn panjenengané iku salah sak wijining wong kang diwartaaké poro nabi. Nabi Yesaya mènèhi weruh menowo ono kenyo kang bakal ngandhut lan nglairaké jabang bayi. Pirang-pirang abad sak wisé Isa lahir mujudake opo sing wis diramalke sak durungé. Kitab suci nyatakaké menowo sing dilairké kanthi suci iku bakal kasebut putraning Allah. Iku tegesé Isa bakal kasebut putro Allah ing sak jroning pangertèn rohani. Kito kabeh nyekseni kasunyatan iki liwat lelakon uripé Isa. Isa nyarasaké wong lara. Ngapurane sakabehe dosa lan njanjèkaké sak wijining panggonan ono ing kraton dalem Allah kang langgeng. Isa nyerahaké ragane pinongko panebuse dosa lan wungu soko sedo. Kabeh mau wis jumbuh karo rencanane Allah. Isa ngandiko, sopo wae ora bakal ono sing biso njupuk uripku soko aku. Aku menehake miturut karepku déwé. Lelakon uripe isa ora mung nggenepi tulisane poro nabi, nanging ugo neguhaké yèn firman Allah iku suci. Poro nabi nyatakake firman dalem Gusti iku sampurno. Firman panjenengane langgeng duh Gusti. Isa déwé ngendiko, langit lan bumi bakal sirno, nanging sing tak ucapake ora bakal sirno. Isa rawuh saperlu maringi urip kang kaluberan. Nanging naliko manungso ora nggugu kersané Allah ing taman Eden, iku ateges manungso milih dalané déwé, lan tumindak iku misahake manungso karo sing nitahake. Miturut kitab suci, kabeh manungso wis tumindak dosa. lan opahé dosa yo iku pati. Yo iku mati kanthi coro rohani ateges pisah soko Allah salawasé Nanging koyo dene Allah nyediakaké wedus lanang kanggo ngganti anake Abraham, semono ugo panjenengané ngirim Isa sang almasih sédo kanggo kito. Urip sédo lan wungune, mulihaké hubungané antarané Allah karo sak kabehing manungso, kang percoyo marang panjenengane. Saiki sopo waé sing nderek Isa ora mung diapuro dosané, nanging ugo kaslametake soko ukuman Allah kang langgeng. Kabeh manungso kajamin mlebu swargo lan manggon karo panjenengané salawasé. Yo urip iki sarto bébase manungso soko kesalahan, lan dosa kang ditawaraké Isa marang sakabèhé wong saiki ugo. Tawaran iki ora ateges nganut sak wijining agomo, nanging milih lan percoyo marang Isa sing ngendiko. Aku ngadeg ing ngarep lawang lan ndodog.. yen ono wong sing krungu suworoku banjur mbukakaké, aku arep mlebu lan nemoni deweke. Iku tegesé mbalik marang Allah lan percoyo, yen Isa bakal lumebu ing sak jroning urip kito, ngapurané dosa-dosa lan ndadekake kito pribadi kang dikersaaké. Kanggo mangertèni Isa ora mung cukup nganggo akal utowo emosi. Kito nompo Isa adedasar kasih kurnia lewat pengandel lan kekarepan. Naliko manungso sumadyo dadi pendhèrèké Isa Almasih, Mulo kabèh banjur iso matur marang panjenengané sarono donga sing sederhana. Saiki mungkin poro sedulur wis sumadyo miwiti urip ing ngarsané Allah. Yen pancen mengkono tirokno donga iki ing sak jroning atimu. Gusti, kawulo mbetahaken panjenengan. Matur nuwun panjenengan sampun kerso sedo ing kayu salib, kangge nebus dosa-dosa kawulo. Kawulo ngaken lan mratobat saking dosa-dosa kawulo. Kanti salebeting manah, kawulo nampi panjenengan dados jurus slamet lan Gusti kawulo. Matur nuwun panjenengan sampun kerso ngapunten dosa-dosa kawulo, lan maringi gesang langgeng. Dadosno kawulo pribadi miturut kerso panjenengan. Naliko kawulo dados panderek panjenengan. Amin. Isa ngendiko marang pendereke.. domba-dombaku ngrungokake swara-ku, aku ngenal sakabèhé lan sakabehe melu aku. Kanggo urip kang kalubèran koyo sing dijanjèkaké Isa, mula saben dino poro pandèrèké matur marang Allah sarono donga lan moco firmane. Kabeh podo nyritakake bab Allah marang wong liyo, banjur dadi sedulur ambek kabeh wong kang ngasihi lan ndèrèk panjenengané. Tansah elingo tumrap janjine kan endah marang aku wis diparingake sakabèhé kuwoso ing swargo lan bumi, ngertiyo aku tansah nunggil karo kowé kabèh nganti tumekaning akhir jaman.
JesusFilm